Jumat, 30 Oktober 2009


LABETING KARTIYASA
Labeting kartiyasa punikaAwit saking pambudayaning gita dursilaRinuwat kanthi mrihatini adrenging karsaNgubara lan ngumbara miyat dumununging kamitran.
Amangsuli prahara bebendu agengTan ginayuh hastaning mamilat brataWosing rasa kang ginubel graitoGraitaning karsa, dumununging cipta.
Tan ana angkaraTan ana rubedaTan ana dursilaTan ana tandang duraka.
Jejer anyarGagrak anyarTitah anyarJagad anyarSarwa gumebyarTan ana kang samarTansah suminarMagilar-magilarAnggelar tulusing nalar.
Budi pinilih, luhur angarih-arihMasa wurunga karsaning JatiHangesti drajading titahHawya miruda kang kinarsa ing AllahKabeh saka telenging jangkahKabeh awit gumelaring pratingkahKabeh ngemu tulusing ibadah.
Ngaminana marang donga kang pinujiKunjuk Ing Ngarsaning Maha JiHumangkaraHumangrasaHamungwat trikarsaHamungwing baskaraHamungwing jumantara.
Ngadep Rabbul NgalaminWelasing GustiIngkang Maha Sih.
Muliha, muliha, mulihaMuliha mring pancardriyaBalia mring panaraga.
Mawanti-wanti, angati-atiAja kongsi keri nunggang jung baitagung,Kang dinayung malaikat hambaruyungDipandhegani dening para nabiSinangga mring para wali.
Kinebakan jamna utamiMulyaning manusa jatiKang pinilih dening GustiKapilah saking ngalamipunAwit driyanira mung nyawiji,Kabeh kagungane Allah.
Mula aja nolehMula kudu manthengKatuta baitagungNyuwuna palilahe Hyang AgungAwit kuwi Kagunganipun.
Aja ninggal trapsilaAja nggugu kersaning pribadiAja dumeh wus katam kitabeNajan wus apal donganeNajan wus guntur sujudeNing durung kaparingan ridhaning Allah.
Mula dudu rapale, ning atineMula dudu wujude, ning lireMula dudu jlegere, ning makripate.
Poma, sindukara karaning ronsihSawunging swara sawang suwungGebyaring gebyur gambyong grambyanganRinakit, rinasa, rapita, retyakaning radya.
Jung, jung baitagungWus tinata ambaruyungLir grimis handaridisRe-rep pantiarsaning resepPindha tilasing atilas tulus.
Tlusurana sing tlatenAnggita gitaning suksmaAndungkap sunaring padhangNjingglang ngawang-awang.
Hamung sawiji kang kinanthiWahyuning Hyang Widhi,Kang pinuji-puji.Wus pupus barang kalire.
WAHDATULWUJUD
Wujuding wijil wahyuning wangsitWiyoto woting waskitha kang winasisJajaning janma jatining jasadJumujuging jaladara jantra jinajah.” Wujud keluarnya ilham” melalui orang yang mengerti yang terpelajar” dada manusia sejatinya jasad” menuju ke alam jajahan
Amrih amining amarantiAmina mastani mantra mastadiSamudananing samudra samunSesongaran sasat susantiningrum.” supaya perkataanya merata” boleh dikatakan mantra mastadi” berkedok berlindung di samudra ( mungkin mengatasnamakan kekuatan mayoritas)” sombong/ugal ugalan menjadi pedomannya
Mungguh asmaning mung kanggo mupusDipeh prana nalika daruna dumatengTebining dhandhaka anyatraniLubering ludira anebaki daruni.” namanya hanya untuk meredam” cuma pas bisa melihat waktu kesedihan datang” luasnya “dhandhaka” menyertai” lubernya darah memenuhi hati/kesedihan
Najan hamung kinanthi sih utamiAwit diniyati tan kenging rinuyit,Anggraitaa murih wekasanipun jrihMuncrat handalidir mring bantala.” walau hanya dengan kasih sayang” sudah diniyati sebagai pegangan” merasalah supaya akhirnya takut” menyembur membasahi/mengaliri bumi(sujud syukur)
Tiba grahaning Hyang SuksmaMemitri awit saking nggeniraNjangkah tan angoncatiTibaning Rohul Kudus amrih miranti.” tiba ke tempat Hyang Suksma” melihat karena keteguhanmu” yang berjalan tanpa meninggalkanNya” keluarnya “rohul kudus” supaya dapat berguna
Jinantra ontran-ontran kang amurwatMurwating angkara murkaNabrak, nunjang, ngobok-obokNggelar kadurjananNgobrak-abrik tatananSalang-tunjangGede-cilik tanpa wirang.” pada jaman kerusuhan yang tak lazim” lazimnya angkara murka” sengaja menabrak, menggeser, mengobok obok(tatanan)” mengadakan hal hal yang bertentangan dengan adat (maling,jambret dsb)” mngorak abrik tatanan yang berlaku (hukum adat)” berebutan” tua muda tak punya malu
Ana jalma mimba GustiNgaku Allah sinarawediNgendi ana titah padha karo GustiKadunungan iblis pinasthi.” ada manusia mengaku aku Tuhan” dan mengaku sodara Allah” mana ada manusia(ciptaan) mengaku sama dengan Tuhan” dapat dipastikan itu iblis/setan
Manunggal kuwi ‘ra teges samiHamung celak raket ring GustiHamung Allah kang pinuji-pujiYa mung jalma najan wali.” bersatu bukan berarti sama” hanya dekat dengan Tuhan” hanya Tuhan Allah yang patut disembah” semua hanya manusia walau wali sekalipun
Nyuwun ngapura mring Hyang WidhiWani nranyak mring Malikul’alamWus madhani Sing Gawe UripDudu kuwi wahdatulwujud.” minta ampunan kepada Tuhan” karena berani kepada sang Pencipta Alam” sudah menyamakan diri dengan Tuhan” bukan itu arti wahdatulwujud
Sing bener kuwi ya mung aran titahOra samar angambrah-ambrahAja nerak hukume lumrahKawistra ora narimah.” yang benar itu cuma dapat disebut hamba” yang tidak kuatir yang berlebihan” jangan melanggar hukum alam” nanti akan terlihat tidak bersyukur
Duh Gusti Kang Maha LestariMugi kersa paring lubering pangastutiKang samya memesu ring karsaning GustiNajan sasarsusur yekti.” ya Tuhan yang Maha Langgeng/tak pernah mati” smoga sudi memberi limpahan Rahmat” kepada orang yang mendekatkan diri melaksanakan kehendakMu” walau masih banyak salah dalam menjalaninya
WAHDATULWUJUD
Wujuding wijil wahyuning wangsitWiyoto woting waskitha kang winasisJajaning janma jatining jasadJumujuging jaladara jantra jinajah.Amrih amining amarantiAmina mastani mantra mastadiSamudananing samudra samunSesongaran sasat susantiningrum.Mungguh asmaning mung kanggo mupusDipeh prana nalika daruna dumatengTebining dhandhaka anyatraniLubering ludira anebaki daruni.Najan hamung kinanthi sih utamiAwit diniyati tan kenging rinuyit,Anggraitaa murih wekasanipun jrihMuncrat handalidir mring bantala.Tiba grahaning Hyang SuksmaMemitri awit saking nggeniraNjangkah tan angoncatiTibaning Rohul Kudus amrih miranti.Jinantra ontran-ontran kang amurwatMurwating angkara murkaNabrak, nunjang, ngobok-obokNggelar kadurjananNgobrak-abrik tatananSalang-tunjangGede-cilik tanpa wirang.Ana jalma mimba GustiNgaku Allah sinarawediNgendi ana titah padha karo GustiKadunungan iblis pinasthi.Manunggal kuwi ‘ra teges samiHamung celak raket ring GustiHamung Allah kang pinuji-pujiYa mung jalma najan wali.Nyuwun ngapura mring Hyang WidhiWani nranyak mring Malikul’alamWus madhani Sing Gawe UripDudu kuwi wahdatulwujud.Sing bener kuwi ya mung aran titahOra samar angambrah-ambrahAja nerak hukume lumrahKawistra ora narimah.Duh Gusti Kang Maha LestariMugi kersa paring lubering pangastutiKang samya memesu ring karsaning GustiNajan sasarsusur yekti.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar